RSS

Sabtu, 23 April 2011

Geguritan, buat tugas sekolah


Rasaning Atimu

Lumaku saktengahing dalan kang peteng ndedhet
Udan riwis-riwis nggawa angin gumanti, anggawa sepi ing ati
Ati kang kelara-lara
Ora ana tamba, ora ana rasa

                 Wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
                 Mbokmenawa sesuk ketemu kang liyane, kanggo tombo ing ati
                 Ana carita rinajuk endah
                Kang bakal ngebaki impen

Nyawang gumelaning jagat raya
Ninggalake sepi
Simpen lara atimu ana rasa syukurmu

Defika Nur Amalia

0 komentar:

Posting Komentar

 
Copyright Ciao~ 2009. Powered by Blogger.Designed by Ezwpthemes .
Converted To Blogger Template by Anshul .